Manut
critane rakyat pasarean kang misuwur. Pasarean iku dipercaya dening masyarakat
kana minangka papan kramat. Pasarean kuwi yaiku pasareane Raden Maoneng. Saiki
legenda pasarean Raden Maoneng kerep dipentasake ing kesenian kethoprak utawane
pagelaran wayang golek kana, dhek biyen kabupaten pemalang diparentah dening
Kanjeng Adipati Raden Tumenggung Soeryonegoro.
Raden
Adipati nduwe patih kang asmane Patih Jongsari. Patih Jongsari kesengsem marang
putrane adipati kang nduweni praupan ayu. Nanging sang patih ora wani
ngandarake yen dheweke tresna marang Sang putri. Ing sawijining dina, ana Sang
Pangeran kang asmane Raden Maoneng teka ing kabupaten Pemalang. Raden Maoneng
kuwi putrane Adipati Madiun. Raden Maoneng diutus ramane supaya munggah kaji.
Manut pangandikane ramane, Raden Maoneng didhawuhi supaya liwat ing pelabuhan
pemalang sakdurunge nyebrang maring tanah suci. Sang Pangeran ditrima dening
Adipati merga solah bawahe katon sopan. Amarga Raden Maoneng gagah tur
ngganteng, Sang Putri tresna marang awake.
Ora
dinyana, jebule Raden Maoneng uga duwe rasa tresna marang Sang Putri. Ora let
suwe, adipati uga ngerti kahanan antarane putrine karo Raden Maoneng. Banjur
adipati aweh pangastuti marang wong loro mau. Pungkasane Raden maoneng dipek
mantu dening adipati. Sawijining dina Raden maoneng matur ngenani tujuan
utamane biyen yaiku munggah kaji. Amarga niyate Raden Maoneng niyat kang suci
mangka Adipati lan putrine oara kabotan yen ditinggal lunga. Malahan nyiapake
kabeh samubarang sing dibutuhake dening Raden Maoneng. Patih Jongsari lan para
sentana pemalang diutus ngeterke raden Maoneng tekan bandar ing pinggir
kadipaten Pemalang. Jebul patih isih duwe dendam amarga Raden Maoneng bisa
njupuk atine putrine adipati sing ditresnani awake. Patih nduweni niyat mateni
Raden Maoneng. Semana uga Raden Maoneng iya mbalik nyerang. Nanging amarga
Patih Jongsari direwangi karo prajurite, akhire Raden Maoneng kalah lan mati.
Mayite diselehake ing ngisor wit tanjung lan ditutupi gegodhongan. Getihe sing
metu mambune wangi.
Saiki
papan panggonan mau diarani desa Tanjungsari. Tanjung tegese wit tanjung, dene
sari tegese getih. Adipati nduwe rasa ora kepenak sakwise ditinggal Raden
Maoneng. Apa maneh, entuk laporan menawa Patih Jongsari wis wani ngrayu
putrine. Putri adipati njaluk marang bapake supaya nusul Raden Maoneng. Bajur
Adipati pemalang lunga saperlu arep nglakoni tapa lan nggrogo sukma. Sukmane
adipati nggoleki Raden Maoneng. Kelawan kesaktiane, pungkasane sukmane Raden
maoneng bisa ketemu. Sukmane Raden Maoneng nyritakake kabeh prastawa kang
dilakoni saksuwene lunga saka omah. Klawan panjaluke adipati, sukmane Raden
maoneng nyawiji ing ragane saengga dheweke urip maneh. Raden maoneng lan
adipati mulih menyang kadipaten Pemalang.
Sakwise
Raden maoneng mulih, kabeh kejahatan sing dilakoni dening patih Jongsari
kasingkap. Banjur adipati ngutus marang prajurit-prajurit supaya nyekel patih
Jongsari. Patih Jongsari mlayu nyang arah kidul. Nanging prajurit wis nyebar
ing kabeh penjuru. Pungkasane patih Jongsari dikepung karo prajurit utusane
Adipati Pemalang. Saiki desa papan dicekele Patih Jongsari diarani desa
kepungan (ora adoh saka dukuh Mangoneng). Patih Jongsari dihukum dening sang
adipati merga sangkin gedhene kejahatan sing dilakoni. Sakwise prastawa mau,
Raden Maoneng lan putrine adipati urip seneng, mulya lan raharja saklawase
urip. Suk mbene Raden Maoneng bisa nganteni Adipati Soeryonegara marentah
kadipaten Pemalang.
(Sumber: http://nguriurijawa.blogspot.co.id/2012/01/raden-maoneng-bojongbata-pemalang.html)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar